Senin, 14 Januari 2013

PARAMASASTRA



A. Tembung Lingga lan Andahan
Têmbung Linggå
Inggíh punika têmbung íngkang dèrèng éwah sakíng aslinipún: tulis, turu, tuku.
Têmbung Andahan
Inggíh punika têmbung íngkang sampún éwah sakíng lingganipún:
- tulis dados nulisi,
- turu dados nurokaken,
- tuku dados daktukoni.
Têmbung lingga sagêd éwah dados têmbung andhahan, sabab:
1. angsal wéwahan:
a. dipun wéwahi ing sangajenging tembung wéwahan,
wéwahan sangajêng têmbung naminipun Atêr atêr: m, n, ny, dak, ko di, ké, sa, pa, pi, pra, kuma, kapi, kami
b. dipun wéwahi ing sawingkingipun têmbung,
wéwahan sawingkinging têmbung naminipun Pênambang: ku, mu, é, èn, an, i, aké, a, na, ana, né.
c. angsal sêsêlan: in, um,
jupuk – jinupuk, gantung – gumantung.
2. dipun rangkêp:
a. sadaya: watuk – watuk, bola –bali
b. ngajêng: têtuku, papadha, paparing,
c. wingking: cêngèngès, cekikik
3. dipun campur (cambor) kaliyan têmbung sanès:
baya – pakéwuh.
4. dipun cêkak (wantah) : dhuwit – dhit, bocah—cah
B. Bab Rimbag (Kedadosanipun Tembung)
Rimbag jinisipûn kathah sangêt.
1. Rimbag Tanduk:
punika têmbúng ingkang angsal atêr atêr anuswara (suwara irung): m, ng, n, ny.
Rimbag Tanduk wonten 3 warni:

a. Tandúk Kriya Wantah: balang – mbalang, gambar – nggambar.
b. Tandúk i kriya: jalúk – njaluki, tulis – nulisi
c. Tandúk ké kriya: tuku – nukokaké, sapu – nyapokaké.
Cathetan:
tuku – nuku,
sapu – nyapu
Mênawi aksara wiwitaning têmbung dados sêtunggal kaliyan atér atêr anuswara dipun wastani luluh.
Caranipun Ngudhal Têmbúng:
Nyaponi : Lingganipun sapu, angsal ater rater : ny, angsal
panambang: i, rimbagipun: tanduk i kriya.
2. Rimbag tanggap:
Tembung Lingga ingkang ater ater tripurusa (dak, ko, di), ater ater ka lan seselan in,
Rimbag tanggap kapérang dados 6 warni:
a. tanggap utama purusa tiyang (kapisan)
- tanggap utama purusa wantah: dak jaluk, dak tulis.
- tanggap utama i kriya: dak tukoni, dak pangani
- tanggap utama purusa ké kriya : dak gambaraké, dak lungguhaké
b. tanggap madyama purusa (tiyang nomer 2)
- tanggap madyama purusa wantah: kojaluk, kotulis
- tanggap madyama purusa i kriya: kotukoni, kopangani
- tanggap madyama purusa ké kriya: kogambaraké, kolungguhaké
c. tanggap pratama purusa (tiyang nomer 3)
- tanggap pratama purusa wantah : njaluk, ditulis
- tanggap pratama purusa “i” kriya: ditukoni, dipangani
- tanggap pratama purusa “ké” kriya: digambaraké, dilungguhaké
d. tanggap ka: ater ater ka = di
- tanggap ka wantah: kajaluk, katulis
- tanggap ka “i” kriya: kajalukan = dijaluki – katanduran – ditanduri
- tanggap ka “ké” kriya: kajalukaké, katulisaké
e. tanggap na, wujudipun seselan in, tegesipun = di
- tanggap na wantah: jinaluk, tinulis
- tanggap na “i” kriya: jinalukan = dijaluk, tinulisan = ditulisi
f.  tanggap tarung, tegesipun: pada déné, tulung – tinulung, obong tingobong.
Cathetan:
Panambang “i” wonten ing tanggpan “ka” lan tanggap “na” éwah dados “an”
3. Rimbag Bawa:
Rimbag bawa inggih punika tembung lingga ingkang angsal ater ater: “ké”, “a”, “ma”,  “kuma”, “kapi”, lan seselan “um”.
a. bawa “ka”, wujudipun ater ater “ké”, ateges mboten jarag.
- bawa “ka” wantah: kacemplung, kobong saking obong.
- bawa “ka” wisésana: kacemplungan, kobongan.
b. bawa “ha”, wujudipun ater ater “a” lan ater ater “ma”
akalung, akembang, asikil tegesipun nganggo/duwé.
Maguru tegesipun golèk ilmu marang.
c. bawa “ma”, wujudipun seselan “um”: gumantung, gumagus,  dumunung, kumenthus.
d. bawa “kuma”, “kami”, “kapi”, ateges: sing : kumawani, kamigilan,  kapi-lara.
e. bawa “ma” tundha, ateges tansah : turun temurun, gulung gemulung.
Cathetan:
tembung madukun, maguru, asring dipun anggep bawa “ma” dupèh ater ateripun “ma”, punika mboten leres, leresipun bawa “ha”.
Kedah dipun bèntènaken antawisipun tembung:
- ko-obong = tanggap madyama wantah
- ke-obong (kobong) = bawa “ka” wantah
- ka-obong = tanggap “ka” wantah
4. Sananta.
Sananta pandapukipun: dak + tanduk + …. “i” ke  dak, ingkang ateges arep.
a. sananta dak wantah: dak-njaluk = aku arep njaluk.
b. santana dak “i” kriya: dak-njaluki = aku arep njaluki.
c. santana dak “ké” kriya: dak-nukokaké = aku arep nukokaké.
d. wonten malih sananta dak lan di ingkang ateges arep.
sing: dak sregep, dak meneng, ditaberi, diprayitna.
5. Tandang.
Tandang pandapukanipun: dak + lingga “é” (ané) “né” panambang “é” (ané) “né” ateges arep.
a. tandang dak wantah: dak jupuké = arep dak jupuk.
b. tandang “i” kriya: dak jupukané = arep dak jupuki.
c. tandang “ké” kriya: dak jupukné = arep dak jupukaké.
Cathetan:
Sananta lan tandang nggadahi teges arep.
Sananta asalipun saking ukara tanduk manawi tandang saking ukara tanggap,
Tuladha:
Aku arep nulis layang dhisik – aku dak nulis layang dhisik.
Layangé arep dak tulis dhisik – layang dak tulisé dhisik.
Wonten ing tandang “é” wantah dados “é”
Wonten ing tandang “i” wantah dados “ané”
Wonten ing tandang “aké” wantah dados “né”
6. Sambawa.
Tembung sambawa nggadahi teges: sanajan, pengarep arep.
Upama.
Panambangipun “a”, “ana”, “na”.
Sambawa kapérang:
1. Sambawa saking tanduk:
a. Sambawa tanduk wantah: nggawa, conto: lan tegesipun,
- nggawa dhuwit arep dienggo apa wong ora ana  wong dodol = sanjan.
- mbakyu mbok nggawa lading ya, kena dienggo ngoncèki tebu = ngarep arep.
- ah, mau nggawaa wacan kena kanggo sambèn ora ndlongop ngéné iki = sanjan.
b. Sambawa tanduk “i” kriya: njalukana.
c. Sambawa tanduk “ké” kriya: njalukna.
2. Sambawa saking tanggap:
a. Sambawa tanggap wantah : dakgawaa, kogawaa, digawaa.
b. Sambawa tanggap “i” kriya: dak gawanana, kogawakna, digawanana.
c. Sambawa tanggap “ké” kriya: dakgawakna, kogawakna, digawana.
Cathetan:
1. Wantah panambang “a”
2. “i” kriya panambang “i” malih dados “ana”
3. “ké” kriya panambang “aké” malih dados “na”
7. Pakon – Préntah.
Rimbag Pakon kapérang:
1. Pakon tanduk:
a. Pakon tanduk wantah: nggawaa = akon nggawa.
b. Pakon tanduk “i” kriya: nggawanana = akon nggawani.
c. Pakon tanduk “ké” kriya: nggawakna = akon nggawakaké.
2. Pakon tanggap “ya” pandapukipun: lingga + “é” (an) “na”.
a. Pakon tanggap wantah: gawanen= akon supaya kogawa.
b. Pakon tanggap “i” kriya: gawanana = akon supaya kogawani.
c. Pakon tanggap “ké” kriya: gawakna = akon supaya kogawakaké.
Cathetan:
Wonten ing pakon tanduk:
1. Wantah, panambangipun “a”
2. “i” kriya, panambangipun “i”, malih dados “ana”
3. “ké” kriya, panambangipun “aké”, malih dados “na”.
Pandapukipun Sambawa tanduk sami sami kaliyan pakon tanduk, pramila kedah dipun èngeti tegesipun wonten ing ukara.
Upaminipun :
- ngGawaa dhuwit wong barangé wis entèk = Sambawa (dudu pakon).
- sésuk kowé nggawaa buku (pakon).
8. Guna:
Guna inggih tembung tembung ingkang angsal panambang “en” nggadahi teges nandang, saking lingganipun.
- wudunen, gudigen, singunen.
Kedah dipun bèntenaken tembung tembung: jupuken, panganen (pakon tanggap)
wantah, koroken, duduken = guna.
9. Adiguna:
Pandapukipun: “ke” + lingga + “en”, ateges leluwihan:
kedhuwuren, kebangeten, kabangen.
Bèntenipun: tembung tembung: kecemplung, kecipratan
= wisésa bawa ka.
- kegedhèn, kepinteran = adiguna.

10. Bawa  – Wacaka:
Pandapukipun “ka” + lingga + “an”, ateges: nedahaken panggènan utawi ndapuk tembung aran.
Bawa wacaka mboten ateges ndapuk tembung kriya.
- Kalurahan = panggènan, kabupatèn = panggènan.
- Kausikan = tembang aran, kasugihan = tembung aran
Tembung tembung punika kedah dipun bèntenaken.
- kajalukan = dijaluki, tanggap “i” kriya
- kapinteran = bawa wacaka.
- kecemplungan = wisésana bawa “ka”.
11. Daya Wacaka:
Pandapukipun: “pa” + lingga + “an”, ateges panggènan utawi mangsa:
- pasuketan, pakuburan, panèn, padusan.
12. Kriya – Wacaka / Karana Wacana.
Pandapukipun : “pe” + tanduk + (“pe + tanduk + “an”)
- penulis = tukang nulis, karana wacaka
- penulisé = carané nulis, karana wacaka
Bèntenipun daya wacaka kaliyan karana wacaka:
daya wacaka saking tembung aran.
karana wacaka saking tembung kriya.
Kedah dipun bèntenaken tembung:
gorèngan = olèh olèhané nggorèng, kaliyan tembung:
penggorèngan = papan kanggo nggorèng.
13. Tembung Rangkep:
Tembung rangkep inggih punika tembung ingkang dipun ungelaken ambal kaping kalih.
Tembung rangkep wonten 3 warni:
1. Dwilingga: lingganipun dipun rangkep.
a. dwilingga wutuh: bocah bocah, réka réka.
b. dwilingga salin swara ngarep: dhuwat – dhuwit.
c. dwilingga salin swara mburi: jarèn jérèn, téla télé.
d. dwilingga salin swara kabèh: modhang mèdhèng, gonjang ganjing.
2. Dwipurwa: wanda ingkang wiwitan dipun rangkep: jejaka,  tetuwuhan.
3. Dwiwasana: wanda ingkang wekasan dipun rangkep: cengèngèsan, cekakaan.
14. Tembung Jamboran (Majemuk).
Tembung jamboran, tembung kalih utawi langkung ingkang dipun  gandhèng dados satunggal.
1. Jamboran wutuh.
Jamboran wutuh wonten 3 golongan:
a. ingkang tegesipun sadrajad: gedhé cilik, boya pakéwuh.
b. tembung ingkang kaping kalih dados katranganipun tembung ing kapisan: kandhang jaran, jambu wer.
c. tembung ingkang kapisan dados katranganipun tembung ingkang kaping kalih: brata yuda, wijaya kusuma.
2. Jamboran tugel: wancahan.
Jamboran tugel tembung kalih ingkang dipun cekak:
- kakkong, dhekwur, kongèl.
Cathetan:
Kedah dipun bèntenaken antawisipun jamboran tugel kalayan kérata basa.
- kakkong: asalipun saking tungkak bokong.
- dhélik: asalipun saking tembung gedhé cilik.
Jamboran tugel asalipun saking kalih tembung.
Manawi kérata basa asalipun pancèn satembung lajeng
dipun othak athik supados mathuk.
- tembung tebu, dipun othak athik dados manteb ing kalbu.
- tembung kathok, dipun othak athik dados ngangkaté saka sithok.

Tembung Wancah.
Tembung wancah tembung ingkang dipun cekak.
Warni warnining tembung ingkang dipun wancah:
1. Namanipun laré/tiyang sepuh:
- Mulyana dados Mul utawi Yan.
- Sutana dados Tana utawi Ton.
- Suminah dados Minah utawi Min.
- Pawirareja dados Pawira
- Wangsadimeja dados Sadimeja.
2. Namanipun panggènan:
- Kartasura dados Tasura.
- Imogiri dados Mogiri.
- Boyolali dados Yolali.
3. Wicalan (etungan):
- ji, ro, lu, pat, ma, nem, tu, lu, nga, luh.
4. Tembung krama kawancah dados madya krama.
- punika dados nika.
- mangga dados ngga.
- dhateng dados teng.
5. Tembung jamboran (Jamboran tugel).
- gedhé cilik dados dhélik.
- endhèk lemu dados dhèkmu.
- gedhé bagus dados dhégus.
C. Ater ater, panambang, seselan lan tegesipun.
Wisésana inggih punika tembung tembung ingkang angsal panambang “an”.
01. Entan éntan kados : gunungan, pasaran, kalèn.
02. Pirantos kanggé : kukusan, garisan, ayakan.
03. Angsal angsalipun : gorèngan, batikan, gawéyan.
04. Mangsa : panèn, padusan, suntikan.
05. Gampil : mutungan, kalahan, getasan.
06. Sami déné nglampahi : salaman, biten guyon.
07. Dolanan : jaranan, pasaran, tangisan.
08. Nganggé : bebedan, sabukan, kelambèn.
09. Nanggap : wayangan, réyogan.
Tegesipun Ater ater Anuswara:
01. Nyambut damel : jenu, macul, medhang.
02. Nganggep : mbapa, ngadi, mbibi.
03. Dados : mbatur, nyantrik, nyudagar, nuwani.
04. Nuju dhateng : minggir, ngulon, munggah.
05. Damel : nggulé, ngabon, nyambel.
06. Nyukani : nyadhong, makani, nyandhangi, nyamaki.
07. Kados : mbodoni, mbisu, ndésani, ngetumbar, mucuk eri.
08. Saben tiyang nampi : niji, ngloro, matang liter.
09. Nambahi : ndhuwuraké, ndawani, nggedhèni.
10. Ngetrapaken : nglambèni, napèni, nyetuti.
11. Saweg wancinipun : mbosoki, ngretegi.
Tegesipun Ater ater Sa:
01. Satunggal = sèket, sakebo, samèter.
02. Sabarang = sakarepé, sawaregé, sasenengé.
03. Nunggil = sabantal, saomah, sakamar.
04. Kalih / karo = salapaké, sauwité.
05. Sami kaliyan = sagunung, sapitik.
06. Ngantos = sabubaré, saénaké.
07. Saben = saasiné, sadinané.
08. Angger = sakoberé, saénaké.
Tegesé Ater ater Pa / Pé:
01. Srana  = pasumbang, pangudi.
02. Tukang = pangendhang, padhang, pamomong.
03. Ukuran mangsa = sapenginang.
04. Ukuran   panjang, tebih  = panjangkah, pandulu, pabalang.
05. Carané / patrapé = panulisé, panggambaré.
06. Panggènan = pakuburan, panepèn, pagadéyan.
07. Mangsa  = panèn, padusan.
08. Pirantos  = pembesut, penyakit, penulak.
09. Tiyang ingkang dipun  = paukuman, panembahan.
Seselan lan Tegesipun:
Seselan namung 4 warni: “er”, “el”, “um”, “in”.
- crekot, saking tembung cekot tegesipun pating/pijer.
- trambal, saking tembung tambal, tegesipun pating/kathah.
- dlèwèr, saking tembung dèwèr, tegesipun pating/pijer.
- sliri, saking tembung siri, tegesipun pating.
Seselan “er” lan” “el” wonten ing salebeting tembung, racakipun lajeng dados satunggal kaliyan tembung wau, saéngga lingganipun tembung wau mboten saged cetha.
Déné ingkang saged cetha lingganipun menawi kaseselan “um” lan “in”.
01. Tumandang lingganipun tandang tegesipun kriya.
02. Rumujak, lingganipun: rujak, tegesipun: nedheng nedhengipun.
03. Kumaki, lingganipun:  kaki, tegesipun: anggepé kaya.
04. Jinambak, lingganipun: jambak, tegesipun: di ………….
05. Tinulis, lingganipun: tulis, tegesipun: di …………
Menawi aksara wiwitan tembung wonten “w”, “p’, “b”, lajeng éwah dados “k” utawi   “g”.
- ayu – kumayu, tegesipun: anggènipun kados …….
- emping – kumemping, tegesipun: saweg eca ecanipun dipun ……
- wasis – kumasis, tegesipun: kados tiyang …….
- pinter – kuminter, tegesipun: kados tiyang ……
- bagus – gumagus, tegesipun: kados tiyang ……
Tegesipun Tembung Dwi Lingga.
01. Naminipun barang : orong orong, alap alap, nget nget.
02. Nglampahi padamelan : omah omah, udan udan.
03. Kathah : gedhé gedhé, jembar jembar, omah omah.
04. Sanget : asin asin, seru seru, gedhé gedhé.
05. Tansah : lali lali, ora ngerti ngerti.
06. Sanajan : alon alon, empuk empuk, anggeré.
07. Mangsa / wanci : bedhug bedhug, soré soré.
08. Saepolipun : dawa dawané, murah murahé.
09. Boten susah : ora isan isin, ora rikah rikuh.
Tegesipun Tembung Tembung Dwipurwa / Dwiwasana.
01. Boten tentu barangipun : tetuku, lelara, gegaman.
02. Nganggé/damel : gegriya.
03. Murugaken : pepeteng, bebungah, lelethek.
04. Pating : cengèngèsan, cekakaan.
Bab II – Ukara Lan Pangudhalipun.
Ingkang dipun wastani ukara inggih punika rerangkèning tembung sawatawis ingkang saged mujudaken / nglahiraken gagasanipun tiyang.
A. Péranganipun ukara:
Ukara kedadosan saking pérangan ingkang baken, jejer lan wasésa.
Supados ukara kala wau saged sampurna tegesipun, asring ukara punika dipun wéwahi.
katrangan.
Warni warnining katrangan :
a. Katrangan lésan kang nandang (pelengkap penderita).
b. Katrangan lésan kang pinarih (pelengkap penyerta).
c. Katrangan lésan kang tumindak (pelengkap pelaku).
d. Katrangan mangsa: wis, lagi, arep, kapan, dhèk wingi.
e. Katrangan panggènan: ing kono, ngomah, ing pasar.
f. Katrangan kaanan (kawontenan): kanggé nerangaken wasésanipun – banget, cetha, kepénak.
Tulada Ngudhal Ukara Miturut Kalinggihanipun (Kalungguhané).
a. Kucing iku | mangan | tikus |
1                      2           3
1. jejer, 2. wasésa, 3. lésan kang nandang
b. Simbok | nukokaké | layangan | adiku |
1                   2                  3               4
1. jejer, 2. wasésa, 3. lésan kang nandang, 4. lésan kang tumindak
c. Aku | diwènèhi | dhuwit | mbakyu |
1           2                  3                4
1. jejer, 2. wasésa, 3. lésan kang nandang, 4. lésan kang tumindak
d. Suk embèn | bapak | arep | mundhutaké | klambi | aku | menyang Sala |

1                   2           3                   4                    5            6                  7
1. katrangan mangsa, 2. jejer, 3. katrangan mangsa, 4. wasésa, 5. lésan kang nandang, 6. lésan kang pinurih, 7. katrangan  panggonan
e. Gunung iku | dhuwur | banget |
1                  2                3
1. jejer, 2. wasésa, 3. katrangan kahanan
f. Si Ali | mangané | ademenakaké |
1             2                     3
1. jejer, 2. wasésa, 3. ktrangan wasésa
g. Omahé | bapak | arep | didol | suk embèn |
1            2             3          4              5
  1. jejer, 2. katrangan jejer, 3. katrangan mangsa, 4. wasésa, 5. katrangan mangsa.
h. Sayak | abang kaé | reged | banget |
1                2                 3              4
1. sayak, 2. katrangan jejer, 3. wasésa, 4. katrangan kahanan
B. Warni warnining Ukara.

Miturut Pandapukipun, Ukara, wonten:
1. Ukara genep (ukara lamba).
2. Ukara boten genep (ukara gothang).
3. Ukara rangkep (ukara majemuk).
1. Ukara ganep sakedhikipun kedah wonten jejer lan wasésanipun, sok ugi wonten katranganipun.
Tuladha:
- Saidi mlaku
- Bocah nakal kaé dolan mrénê.
2. Ukara boten ganep (ukara gothang) kapérang:
a. gothang jejeripun.
- rénéya sedhéla baé !
- Tukokna rokok !
b. gothang wasésanipun:
- Sajaké Simin !
- Dudu Adiku !
c. gothang jejer lan wasésanipun:
- Kala wingi !
- isih loro !
- Ora !
3. Ukara rangkep inggih punika ukara ingkang panjang kadadosan saking kalih ukara lamba utawi langkung. Ukara rangkep kapérang malih:

a. Ukara rangkep sadrajad, Tuladha:
- Aku nulis, adiku maca buku, simbok olah olah,
- Wong iku gemi, mulané dadi sugih.
- Sepisan dhèwèké sregep, ping pindhoné pancèn pinter.

b. Ukara rangkep raketan. Tuladha:
- Simbok menyang pasar, déné aku kon tunggu warung.
- Siman mbèlèh pitik, adiné mbubuti, simbok kang ngolah.
- Dhèk wingi pité isih ditunggangi, dhèk mau wis dicolong uwong.
c. Ukara rangkep tundha.
Wonten ing salebeting ukara tundha wonten baboning ukara, inggih punika ukara ingkang dados undheraning gineman lan wonten gatranipun (anak kalimat).
Gatra wonten pinten – pinten warni:
a. gatra jejer:
ukara ukara ingkang dados gegentosing jejer,
Guruku .. .. , ndukani aku (ukara lamba).
Wong kang mulang | aku | ndukani aku |
1                          2              3
1. gatra jejer, 2. wasésa, 3. lésan kang nandang
b. gatra wasésa:
ukara ingkang dados gegentosing wasésa.
Panjaluké .. .. , dituruti (ukara lamba).
Panjaluké | aku sregep sinau |
1                      2
1. jejer,     | 2. gatra wasésa   |
c. gatra lésan:
ukara ingkang dados gegentosing lésan.
Aku ngleksanani panjaluké (ukara lamba).
Aku ngleksanani | apa | kang dikarepaké |
1                      2                    3
1. jejer, 2. wasésa, 3. gatra lésan
d. gatra katrangan:
ukara ingkang dados gegentosing katrangan.
Simin arep mulih sésuk (ukara lamba).
Simin arep mulih | menawa aku | wis bali saka Sala
1                            2                          3
1. jejer, 2. wasésa, 3. gatra katrangan
Caranipun Ngudhal:
Simin arep mulih, menawa aku wis bali saka Sala.
Simin  = jejer
arep mulih = wasésa
arep  = katrangan mangsa
menawa aku bali saka Sala = gatra katrangan
menawa  = katrangan sarat
aku  = jejer gatra katrangan
wis  = katrangan wektu (wekdal) gatra katrangan
bali  = wasésa
saka Sala = katrangan panggènan gatra katrangan.
II. Ukara Miturut Suraosipun.
Miturut suraosipun ukara kapérang:
a. ukara carios (carita)
b. ukara pitakèn
c. ukara pakèn (pakon)
d. ukara pangajak
e. ukara panjaluk (panedha)
f. ukara pangajeng ajeng (pangarep arep)
g. ukara prajanji
h. ukara upami (umpama)
Déné tuladanipun supados damel piyambak.
III. Ukara Miturut Kawontenanipun Jejer Wasésa lan Lésan.
Ukara Kapérang:
a. Ukara tanduk (kalimat aktif).
Tetengeripun ukara tanduk menawi wasésanipun angsal ater ater  anuswara lan jejeripun nindakaké wasésa.
- Simin mangan
- Ali nggambar.
b. Ukara tanggap (kalimat pasif).
Tetengeripun ukara tanggap wasésanipun angsal ater ater:
“dak”,  “ko”, “di”, “ko”, lan seselan “in”.
Déné jejeripun nandang wasésanipun.
- Sapiné wis diedol
- Dhuwité arep dakjaluk.

c. Ukara nominal.
Ukara nominal inggih punika ukara ingkang wasésanipun sanès tembung kriya, nanging tembung: aran, wilangan, kaanan.
- Gunung iku dhuwur
- Pitikku putih mulus
- klambiku nem iji, lan sapanunggilanipun.
Bab III – Panyilahing Tembung (Jinising Tembung)

A. Jinising tembung kalarasaken kaliyan basa manca.

1. Tembung Kriya (Verb);
sadaya tembung ingkang nerangaken tumindak padamelan:
nulis, mucal, nyawang, lan sapanunggilanipun.
2. Tembung Aran (Substantive);
sadaya tembung ingkang mastani namaning barang ing maujud utawi ingkang dipun anggep maujud (abstrak):
buku, kursi, angin, sétan, kapinteran, ngèlmu, lan sapanunggilipun.
3. Tembung Kawontenan (kaanan = ajective);
sadaya tembung ingkang nerangaken kawontenanipun barang:
gedhê, dawa, ireng, kumaki, merdika, lan sapanunggilipun.
4. Tembung Katrangan (Adverb);
sadaya tembung ingkang nerangaken kawontenanipun kriya:
mesthi, mau, banget, mbokmenawa, lan sapanunggilipun.
5. Tembung Sesulih (pronoun):
sadaya tembung ingkang dados sesulihipun barang maujud utawi ingkang kaanggep maujud: punika kapérang dados 5 golongan:
a. Tembung Purusa (tiyang): aku, kowé, dhèwèké, anu, banget, mbokmenawa, lan sapanunggilipun.
b. Tembung Darbé: ku, mu, e,
c. Tembung Pitedhah (pitudhuh): iku, kaé, kuwi, punika.
d. Tembung Pitakèn: sapa, apa, endi, ngendi, kepriyé, lan sapanunggilipun.
e. Tembung Panggandhèg: kang, sing, ding.
6. Tembung Wicalan (wilangan : cacah) = numeral: siji, loro, sapisan, saméne, sawatara, lan sapanunggilipun.
7. Tembung Panggandhèng (conjunction):
Tembung ingkang kanggé nggandhèng ukara utawi tembung:
lan, sarta, tur, kathik, mulané, sarèhné, lan sapanunggilipun.
8. Tembung Panggenah (artikel): sing, sang, ponang, lan sapanunggilipun.
9. Tembung dunung (preposition):
Tembung ingkang nedahaken enggon/enering barang: ing, ngarep, mburi, menyang, déning, lan sapanunggilipun.
10. Tembung Panguwuh (interjection) = panyuru:
Tembung ingkang mratélakaken panguwuh / sesambat:
lo, wah, wo, adhuh, toblas, lan sapanunggilipun.
A. Tulada Ngudhal Ukara Miturut jinising Tembung.
Manawi bab ingkang kapengker ngudhal ukara miturut kalenggahaning / pangkating tembung, inggih punika madosi jejer, wasésa, lésan lan warni warnining katrangan, ing bab punika ngudhal jinising tembung inggih punika madosi tembung tembung ingkang kadadosaken saking tembung kriya, tembung aran, sesulih, wilangan lan sapanunggilipun.
Terkadhang wonten malih supados ngudhal tembung, inggih punika tembung wau dipun padosi lingganipun, ater ater, panambang, lajeng kalebet rimbag punapa.
Tuladha ukara.
Mau ésuk aku ketekanan tamu saka Sragèn.
Miturut lenggahing tembung:
aku                         = jejer
katekanan               = wasésa
tamu                       = lésan kang tumindak
mau ésuk                = katrangan mangsa
saka Sragèn            = katrangan panggonan
Miturut Jinising Tembung:
mau ésuk = tembung katrangan wayah
aku = sesulih
katekanan = kriya
tamu = tembung aran
saka = tembung dunung
Sragèn = tembung aran.
Miturut Pandapuking Tembung:
mau ésuk = tembung jamboran
aku = lingga
katekanan = lingganipun teka angsal ater ater ke lan panambang an, kalebet tanggap ka i-kriya.
tamu, saka, Sragèn = tembung lingga.
Tuladha malih :
Bocah cilik, adiné Mariyem iku, nukokaké jeruk adiku.
Miturut jinising tembung:
bocah = tembung aran
cilik = tembung kaanan
adiné = tembung aran
Mariyem = tembung aran
iku = tembung sesulih
nukokaké = tembung kriya mawa lésan
adiku = tembung aran.
Miturut Lenggahing Tembung;
bocah cilik = jejer
adiné Mariyem iku = katrangan jejer
nukokaké = wasésa
jeruk = lésan kang nandang
adiku = lésan kang pinurih.
Miturut Pandapuking Tembung:
bocah cilik = tembung jamboran
adiné Mariyem = tembung jamboran
iku = lingga
nukokaké = n + tuku + aké + tanduk ké kriya
jeruk = tembung lingga
adiku = tembung andhahan: adi + ku
adiné = tembung andhahan: adi + é.
Bab IV – Panyeratipun Basa Jawi Mawi Aksara Latin
A. Panganggènipun Aksara Ageng:
1. Kanggé nyerat irah – irahan (bab).
2. Aksara ing wiwitaning ukara.
3. Kanggé nyerat nama mandiri.
Upami: Musi, Paimin, Ciamis. pasopati, lan sapanunggilipun.
4. Cekakan, upami: ABRI.
5. Ingkang kaanggep wigatos: Ingkang Maha Wikan.
……. badhé leladi dumateng Nusa, Bangsa, lan Agama.
B. Ingkang Adaan Sanget Panyeratipun:
1. Ponorogo leresipun: Panaraga
sopunika leresipun: sapunika
Bongsa leresipun: bangsa
2. Sepélé, mréné, gègèr, kètèl, kabèh, Swanten “é” lan ‘è” kedah kaserat mawi “e” lan pratandha layar nginggilipun.
3. Kuthuk, dhuwur, kathok, kodhok
Aksara t kaserat dados “th”
Aksara d kaserat dados “dh”
4. kluwak, luwak, kuwat, kowat. Swanten “u” utawi “o” kasusul ing swanten “a” kedah mawi aksara manda.
5. sekalian, kadang kadéyan, liyané, sampéyan
Pindahipun swanten “i” utawi “é” dhateng swanten “a” mawi aksara manda swara  “y”.
Bab V – Unggah Ungguhing Basa
A. Katrangan:
Basa Jawi punika pepak sanget, ngantos tiyang manca manawi badhé nyinau basa Jawi asring rumaos kewalahan, amargi saking kathahing sinonim tembung Jawi, caranipun ngetrapaken basa antawisipun tiyang ingkang bènten umur umuranipun utawi derajatipun lan malih pancèn wonten tembung tembung Jawi ingkang ing basa sanès boten wonten utawi boten matis. Upaminipun tembung mangan: sinonimipun (dasanamanipun): maem, dahar, madhang, malah taksih kathah panganggènipun ing basa kasar.
Antawisipun laré kaliyan nèm nèman sampun boten cak – cakanipun, semanten ugi antawisipun nèm nèman kaliyan tiyang sepuh lan sapanunggilanipun. Lan malih asring wonten tembung Jawi ingkang ing basa sanès boten wonten (dèrèng dipun sumerepi) upaminipun tembung: kadingarèn, upil, karipan, maido, lan sapanunggilanipun.
Manawi dipun tingali saking pandapuking tembung, kathah sanget éwah éwahipun, margi saking pepaking ater ater (awalan), seselan sarta panambang (akhiran) punika badhé katerangaken ing wingking.
Déné unggah ungguhing basa inggih punika caranipun ngetrapaken basa dhumateng tiyang ingkang dipun ajak gineman.
B. Unggah ungguhing Basa.
1. Basa Ngoko.
Basa ngoko, kapérang:
a. Ngoko Lugu,
wujudipun tembung tembungipun ngoko sadaya.
dipun ginakaken.
1. Dhateng sesami ingkang sampun kulina.
2. Dhateng kapernah nèm (anak, putu, murid, sémah).
3. Manawi pinuju ngunandika.
4. Wonten ing buku buku karangan (wucalan).
b. Ngoko Andhap Antya Basa,
wujudipun: ngoko, krama inggil.
dipun ginakaken:
1. Dhateng tiyang ingkang langkung enèm nanging langkung inggil derajatipun.
2. Priyantun kaliyan priyantun ingkang kulina ngoko.
Tuladha:
Apa sliramu mengko sida tindak pasar mundhut bakal klambi?
c. Ngoko Andhap Basa Antya,
wujudipun: Ngoko, krama inggil dipun selingi krama.
dipun ginakaken: antya – basa.
Tuladha:
Coba panjenengan pirsani, bapak ora saéstu tindak, la kaé lagi maos buku.
2. Basa Madya:
Basa madya dipun ginakaken tiyang tiyang ingkang boten nggatosaken basa ingkang saé, racakipun tiyang padhusunan utawi paredèn lan tiyang pekenan.
Tuladha Basa Madya: nika, niku, ajeng, teng, nèk, saweg, napa, pripun, samang dika, lsp.
Basa Madya Kapérang:
a. Madya Ngoko, wujudipun ngoko, madya.
Tuladha:
Nèk dika ajeng tuku akèh mengké kula wèhké rada murah.
b. Madya – Krama,
wujudipun: Madya kaliyan krama.
Tuladha:
Dos pundi ta samang nika, sinjang saéné kados ngaten kok diwastani awon.
c. Madya Antara,
wujudipun: Madya krama, krama inggil.
dipun ginakaken:
1. Priyantun dhateng tiyang kapernah sepuh nanging mimpang drajad.
2. Garwa priyantun.
3. Priyantun kaliyan priyantun ingkang sampun kulina.
Tuladha:
Napa panjenengan ajeng ngersakaken mirsani bioskop, nèk kersa ngga kula dèrèkaken.
3. Basa Krama,
Basa Krama kapérang:
a. Kramantara,
wujudipun krama thok krama lagu.
dipun ginakaken:
1. Kanca kanca ingkang déréng kulina.
2. Wonten buku buku karangan (wucalan).
Tuladha:
Nuju satunggiling dinten pun Kancil saweg mlampah mlampah wonten sapinggiring lèpèn.
b. Muda Krama,
wujudipun: Krama lan krama inggil.
Basa Muda krama  basa ingkang saé lan alus piyambak.
Ingkang ngginakaken:
1. Tiyang nèm dhateng tiyang sepuh.
2. Murid dhateng gurunipun.
3. Priyantun kaliyan priyantun.
Tuladha:
Kula dipun dhawuhi bapak guru, supados matur kaliyan bapak, manawi bapak guru bénjing dinten Minggu badhé tindak dhateng dalemipun bapak.
c. Krama Inggil,
wujudipun: Muda krama, namung tembung: mu- dalem, aku – abdi dalem, kowé – panjenengan dalem. dipun ginakaken tumrap para luhur / ratu.
Tuladha:
Abdi dalem boten saged sowan ngarsa dalem, amargi anakipun dalem saweg sakit.
d. Wreda krama,
wujudipun: krama nanging ater ater lan panambang boten dipun kramakaken.
Tuladha:
Manawi diparengaké griyané ingkang kilèn punika kula enggènané.
“di”, “é”, “aké” boten dipun kramakaken.
e. Krama désa,
Krama désa punika basanipun mesthinipun boten wonten kramanipun kapeksa dipun kramakaken, wonten malih mesthinipun sampun dipun kramakaken margi saking kirang maremipun lajeng dipun kramakaken malih.
Tuladha:
- jaran, kramanipun kapal dados kepel.
- dhuwit, kramanipun arta dados yatra
- tuwa, kramanipun sepuh dados sepah
- belo, kramanipun dados belet
- dhelé, kramanipun dados dhekeman
- Boyolali, kramanipun dados Bajulkesupèn
4. Basa Kedhaton,
Basa kedhaton dipun ginakaken para abdi dalem kraton manawi pinuju gineman kaliyan ratu.
Tuladha:
- manira = aku
- pakènira = kowé
- enggah = inggih
- darbé = duwé
- boya = ora
- besaos = bae
5. Basa Kasar,
Basa kasar dipun anggé tiyang urakan, tiyang paben, tiyang saweg nepsu, lsp.
Pokokipun boten sekéca manawi dipun mirengaken. mila ing ngriki boten perlu dipun rembag.
Cathetan:
Andharan ing nginggil punika prasasat kantun dados téori, kirang praktis.
Mila limrahipun kaum guru namung mlètèr murid murid mawi basa krama ingkang mèh mesthi kanggénipun: Muda krama.
C. Ngulinakaken Nggladi Basa

Ngèngeti ing jaman samangké kathah para muda ingkang sampun ical tata kramanipun saha unggah ungguhipun, langkung langkung bab anggènipun ngginakaken basa krama kados kados kathah ingkang risak boten kanten kantenan.
Umpaminipun, laré nèm dhateng tiyang sepuh, murid dhateng gurunipun langkung langkung para nèm nèman dhateng para nèm nèman sanèsipun.
Racakipun anggènipun ngetrapaken basa klèntu lan ing ngrika ngriki taksih campur bawur kaliyan basa Indonesia, kamangka mesthinipun kita punika saged nglairaken gagasan utawi pikiran sarana tembung tembung basa Jawi ingkang murni.
Pramila kanggé ngudi basa ingkang saé kita saged ngulinakaken nganggé basa ingkang saé ing saben saben wekdal, wonten ing bebrayan ngagesang. Para putra nèm nèman saha ingkang taksih alit sageda dipun tuntun, dipun gladi nganggé basa ingkang saé wonten ing nggriya utawi sadéngah panggènan. Kanggé ngulinakaken para putra ing ngriki perlu dipun sukani latihan latihan sageda kanggé apalan.

Tidak ada komentar:

Poskan Komentar